Sabdatama = Ular – Ular penganten
Assalamu’alaikum Wr Wb.
Kesarasan, katentreman miwah kabagyan mugi tansah kasandhang panjenegan sedaya saha kula.
Para pinisepuh, sesepuh ingkang tansah kula bekteni, para pangemban, pangembat saha nayakaning pamarintah ingkang hanggung mastuti rehing kautaman. Para Bapak Ibu tamu ingkang kinurmatan, saderengipun kula sumela atur, sumangga sesarengan ngunjukaken puji saha raos syukur ing ngarsanipun Gusti inking murbeng dumadi awit rahmat, hidayah tuwin inayahingkang sampun kaparingaken dhateng kita sami. Katitik ing kalodhangan menika, sadaya saget hangrawuhi ing sasana pawiwahan saperlu paring berkah pangestu dhateng penganten kekalih kanthi manggih rahayu wilujeng ing sedayanipun, Amin.
Nyuwun agunging samodra pangaksami kapeksa kula nyigeg pangandikan panjenengan sedaya. Salajengipun kula nuhono dhawuh pangandikanipun para pinisepuh, sesepuh saha para kulawarga saperlu paring ular – ular dhateng Sri Penganten kekalih.
Ngger putuku sakarone, wong tuwa wajib lan greteh ngelingake, ora ketang sembur – sembur ada(u)s, klungsu – klungsu yen melu udhu, Welingku marang kowe kang nembe bakal lelumban ana madyaning bebrayan anyar, iki ana tembung “ mijil” Laras pelog barang, rungokna lan surasanen.
Gegerane wong akrami
Dudu rupa dudu bandha
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel – angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Dene werdine mengkene : sanguine wong omah – omah iku dudu bondho dudu rupa, ora mawas ayu bagusing rupa dhuwuring drajat lan pangkat ya mu ng ati pawitane, lire kanthi linandhesan tresna kang mijil saka pretuling ati kang bias nyawiji satemah mbabar rasa kang jumbuh. Luput pisan kena pisan, yen gampang tegese wong jejodhohan iku kudu mung sepisan, amarga yen luwih saka sepisan adhakane banjur tuwuh daredah kisruh sajroning bebrayan. Ana bebasan sabda Pandhita ratu datan kena wola wali.
Yen angel – angel kalangkung tegese golek jodho iku ora padha karo golek bojo, menawa golek jodho, tegese cocok, ora mung golek kanggo awake dhewe nanging uga njodhokake kulawarga lolo bisane nyawiji, kang tundhone bias nuwuhake rasa bagya mulya sakabehe. Tan kena tinumbas arta lire, samubarang iku mau ora bias diaji etungan gedhe ciliking arta.
Kajaba saka iku welinge pun kaki kang pungkasan, poma dipoma anggonmu mengku bale wisma kudu tekan kanthi teteken tekat kang manunggal satemah bias katekan kang ginayuh.
Dak kira cukup semene dhisik welingku marang sakarone. Gajah Mungkur wadhuk Wonogiri, kaladuking atur nyuwun gunging samodra pangaksami. Kupat janure klapa, wonten lepat nyuwun pangapura.Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Wassalam.
Jogjakarta,27 april 2009
RM FITRI KHUSWORO
Tidak ada komentar:
Posting Komentar