Selasa, 03 April 2012

Jenising wayang lan araning lakon




Wayang beber

Wayang iki nggunaake beber utawa kain kang digambari. Lumrahe lakone ngenani Kraton Kediri, Ngurawan, Singasari, utawa kondhang dening lakon-lakon crita Panji.

Wayang kulit

Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapaké bonékah-bonékah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya dene manungsa. Umumé wayang kulit nggunaake lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan maneka warna crita liyane.

Wayang kulit dimainké ing layar putih kang sinebut kelir. Dene wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.


Panyebaran

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga perangan Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wetan. Ing antarane panggonan siji lan liyane nduwe gagrag dhewe-dhewe, sing paling gedhe yaiku Gagrag Ngayogjakarta karo Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahe dhewe.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarane pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwene pagelaran kang asline sewengi sok dikurangi dadi sawetara jam thok.

Wayang klithik


Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawe seka kulit. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis ora nate maneh digelar.
Wayang Golèk

Wayang gedhog

Ing basa Jawa kuno, gedhog artine jaran. Gedhogan artine kandhang jaran. Nanging ana uga kang maknani gedhog seka thuthukane dhalang ing wadhah wayang sing munine dhog dhog dhog. Banjur apa sesambungane karo jaran?

Wayang gedhog asring nganggo lakon Crita Panji. Ing lakon iki pangeran-pangeranne nganggo jeneng Kudha, kayata Kudha Wanengpati. Ing jaman Kasultanan Demak, ana wayang gedhog kang nganggo lakon wayang purwa. Ana uga kang nganggo crita kethoprak, kayata Damarwulan.

Wangune wayang gedhog kaya wayang kulit. Wayang iki digawe seka kulit kanthi tatahan satriya sabrangan. Bedane maneh, ing kene mung ana patang macem praupan. Rupa kaya raseksa lan wanara ora ana. Praba lan topong uga ora ana.

Wayang Golek iku sawijining seni tontonan wayang sing kagawé saka bonéka kayu. Wayang iki populèr banget ing wilayah Tlatah Pasundhan.
[sunting] Pranala njaba

Wayang Menak

Wayang Ménak iku wayang sing critané adhedhasar lakon ménak. Wayang ménak umumé nganggo wayang golèk (wayang golèk ménak), nanging uga ana sing nganggo wayang kulit. Sapérangan wong uga nyebut kanthi aran wayang tengul.

Wayang iki digawé déning Ki Trunadipura, sawijining dhalang seka Baturetna, Surakarta, ing jaman Mangkunegara VII (1916-1944).

Wayang golèk ménak diwènèhi sandhangan kaya wayang kulit purwa, yaiku kanthi nganggo jamang, kuluk, sumping, lan sapanunggalané. Gandhèng critané njupuk seka crita ménak sing asliné seka Persia, mula paraga wayangé kaya wong Arab, yaiku nganggo jubah.

Wayang Kancil

‘’’Wayang kancil’’’ iku klebu wayang modern sing diciptaaké ing taun 1925 déning Bo Liem. Wayang iki migunaaké crita-crita kéwan. Wayangé digawé seka kulit, lan pisanané ditatah déning Lie Too Hien sing cacahé kurang luwih 100 paraga. Paraga sing kondhang yaiku Si Kancil sing pinter. Lakon sing kondhang yaiku Kancil Nyolong Timun.

Lakoné dijupuk seka Serat Kancil Kridhamartana anggitané Radèn Panji Natarata.

Wayang iki banjur diterusaké lan disampurnaaké déning Radèn Mas Sayid ing taun 1943.

Gandhèng wayang iki umumé ditonton bocah cilik, pagelarané mung udakara 1-3 jam ing wayah awan, soré, utawa wiwitan wengi sadurungé bocah cilik padha turu.

Wayang purwa

Wayang Purwa iku sajinising wayang saka Jawa. Para ahli ngira yen ukara purwa dijupuk seka parwa, utawa perangan seka kitab-kitab kakawin kayata Mahabharata utawa Ramayana. Ing bausastra Jawa anyar, ukara purwa uga bisa ngandhut pangerten jaman purba utawa jaman wiwitan. Yen ing versi asline, kitab loro iki ora ana sesambungane. Ing Jawa, ana sesambungan antara rong jaman iki kang banjur dirunut dadi silsilah dhewe.
Pangowahan

Ing tangan para pujangga Jawa, wiracarita loro kuwi diowahi lan ditambahi maneh. Ing pedhalangan, dhalang nduwe kuwasa improvisasi crita-crita cilik, kang banjur kondhang dadi ‘’crita carangan’’.

Wayang purwa ngalami pangowahan kang akeh nalika ing jaman Wali Sanga. Para ulama Islam iki nyoba ngilangi ajaran Hindhu ing Mahabharata lan Ramayana kang asline seka India. Ing wayang kulit, gambar-gambar wayang iki banjur dientha-entha ben ora kaya manungsa. Jimat Kalimasada duweke Puntadewa seka tambahane para wali uga. Semono uga paraga wayang kaya Sang Hyang Giri Nata kang dianggep ngrujuk marang Sunan Giri, salah sijine Wali Sanga.

Ing jaman Mataram Anyar, Walanda nyoba ngrungkebi politik lan panguwasa. Nanging amarga seka kuwi banjur pujangga-pujangga kraton antuk kawigaten. Para pujangga kaya Yasadipura I, Yasadipura II, utawa Ranggawarsita nyoba nguripake maneh kasusastran kang magepokan kalawan Mahabharata lan Ramayana iku.
Lakon-Lakon

Yen dideleng kanthi prasaja, lakon wayang diperang dadi loro: pakem lan carangan.
Pakem

Lakon pakem dijupuk seka crita-crita kang ana ing kitab-kitab kuna, kayata: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Pustaka Raja Purwa lan Purwakandha. Ing antarane crita-crita pakem iku antara liya:

* Bale Sigala-gala
* Pandhawa Dhadhu
* Bharatayudha
* Rama Gandrung
* Subali Lena
* Anoman Dhuta
* Brubuh Ngalengka


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Carangan

Lakon carangan iku njupuke seka crita pakem kang dikantheni tambahan crita liyane. Seka crita carangan iki banjur akeh gagrag-gagrag kang tansah beda. Paraga-paraga ing wayang uga dadi tambah akeh. Nanging ana kalane gawe bingung, amarga bisa bae lakone padha nanging critane dadi beda. Crita-crita carangan iku antara liya:

* Babad Alas Mertani
* Partakrama
* Aji Narantaka
* Abimanyu Lair
* Peksi Dewata
* Gambiranom
* Semar Mantu
* Bambang Sitijaya
* Aswatama Maling
* Thongthongborong
* Srikandhi Mandung
* Danasalira
* Laire Pandhu
* Laire Dasamuka
* Laire Indrajit
* Bedhah Lokapala
* Tutugipun Lampahan Wilugangga
* Gathotkaca Gandrung
* Antasena Rabi
* Ugrasena Tapa
* Sembadra Larung
* Kresna Kembang
* Narayana Maling Putri
* Bandung Naga Sewu
* Pandhawa Maneges
* Semar Maneges
* Parta Dewa
* Wahyu Topeng Waja
* Wahyu Widayat
* Semar Kuning
* Rama Tambak
* Semar mBarang Jantur
* Anoman Swarga
* Dewa Ruci
* Bima Bungkus
* Gatutkaca Sungging
* Sudamala
* Sumantri Ngenger
* Wahyu Makutharama

Sempalan

Lakon sempalan punika lakon ingkang sampun dados lakon gubahan, benten kaliyan aslinipun amargi dipun saluyuaken kaliyan gagrag anyar kados lakon-lakon Wayang mBeling utawi lakonet anggitan Ki Harsono Siswocarito.


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

* Nurkala Kalimantra Gawe Geger Suralaya
* Prof Dr Bimatanayatatwa
* Gitadarma Dr Mintaraga

Banjaran

Lakon BANJARAN inggih punika jinising lampahan ringgit purwa ingkang nyariosaken lelampahanipun paraga (tokoh) wayang wiwit lahir ngantos seda (kados Biografi ingkang kademel balada). Lakon Banjaran dipun kenalakken dening Alm Ki Nartosabdo. Sinaosa lampahan punika panjang lan ginelar sedalu natas, ananging mboten ngicali bakenipun pagelaran ringgit purwa. Kawiwitan saking talu, jejer I, kaputren, limbukan, bodholan, perang gagal, jejer II, perang kembang, gara-gara, Jejer III, perang brubuh ngatos tancep kayon. Sawetawis lampahan Banjaran kanthi format MP3 saged dipun undhuh lan midhangetaken ing http://apdnsemarang.wordpress.com/mp3-wayang-kulit/

1. Banjaran Karna
2. Banjaran Abimanyu
3. Banjaran Gatutkaca
4. Narasoma (Banjaran Salya)

falsafah jawa

Mencapai sebuah ketentraman hidup dalam hidup manusia haruslah punya pengetahuan yang cukup. Ada 5 falsafah jawa yang berguna untuk kita menghadapi perjalanan kehidupan kita:

1. Kukilo (Burung)
2. Wanito (Wanita)
3. Curigo (Waspada)
4. Turonggo (Kuda)
5. Wismo (Rumah)

1. Kukilo (Burung) Kebanyakan orang jawa selalu memelihara binantang peliharaan, dankebanyakan pula binatang peliharaan yang umum di rawat adalah burungperkutut. Karena suaranya yang bagus merdu dan menentramkan suasana.Didalam kehidupan ini kita harus bisa mengikuti burung perkutut,yaitu ‘ dengan selalu bersuara yang bagus untuk didengar oleh oranglain, tidak selalu mengeluarkan suara yang bisa menyakiti hati orang lain’ .
2. Wanito (Wanita) Wanita secara universal melambangkan kelembutan, cinta kasih,perasaan sayang. Kita hidup didunia pastilah berada ditengah-tengahmanusia dan makhluk lainnya. Kita ‘harus selalu memberikan rasakelembutan kita, cinta kasih kita dan rasa sayang kita kepada semuamakhluk ciptaan sang Maha Kuasa’.
3. Curigo (Waspada) Didunia kita pasti tidak tahu apa yang akan terjadi pada diri kitabeberapa detik, menit atau jam kedepan. Dengan sikap waspada ini makakita diharapkan bisa selalu waspada akan gerak dan segala tingkah lakukita agar kejadian yang akan datang tidak menjadikan penderitaan padadiri kita sendiri. Curigo juga bisa diartikan dengan ‘ Eling terhadap TuhanYang Maha Esa, karena Beliau lah yang menciptakan masa lalu, masasekarang dan masa depan kita’.
4. Turonggo (Kuda) Untuk dapat mengendalikan kuda disaat kita menungganginya, maka talikendali yang harus kita pegang erat. Dalam kehidupan ‘ pengendalian diri akan segala nafsu dan ego harus kita kendalikan. Bukan denganmengumbar nafsu, ego dan angkara murka’.
5. Wismo (Rumah) Rumah, setiap kali kita pergi pasti akan kembali kerumah. Dari sinidiartikan ‘ kita hidup didunia ini hanya keluar sebentar dari rumahkita yang sebenarnya, dan suatu saat pasti akan kembali ke rumahabadi kita yaitu rumah Tuhan’ . Dan kita selagi didunia harus tahu apa yangakan kita bawa sebagai oleh-oleh untuk-NYA agar kita lebih disayang olehBeliau.

ular - ular panganten

Sabdatama = Ular – Ular penganten

                Assalamu’alaikum Wr Wb.
Kesarasan, katentreman miwah kabagyan mugi tansah kasandhang panjenegan sedaya saha kula.
                Para pinisepuh, sesepuh ingkang tansah kula bekteni, para pangemban, pangembat saha nayakaning pamarintah ingkang hanggung mastuti rehing kautaman. Para Bapak Ibu tamu ingkang kinurmatan, saderengipun kula sumela atur, sumangga sesarengan ngunjukaken puji saha raos syukur  ing ngarsanipun Gusti inking murbeng dumadi awit rahmat, hidayah tuwin inayahingkang sampun kaparingaken dhateng kita sami. Katitik ing kalodhangan menika, sadaya saget hangrawuhi ing sasana pawiwahan saperlu paring berkah pangestu dhateng penganten kekalih kanthi manggih rahayu wilujeng ing sedayanipun, Amin.
                Nyuwun agunging samodra pangaksami kapeksa  kula nyigeg pangandikan panjenengan sedaya. Salajengipun kula nuhono dhawuh pangandikanipun para pinisepuh, sesepuh saha para kulawarga saperlu paring ular – ular dhateng Sri Penganten kekalih.
            Ngger putuku sakarone, wong tuwa wajib lan greteh ngelingake, ora ketang sembur – sembur ada(u)s, klungsu – klungsu yen melu udhu, Welingku marang kowe kang nembe bakal lelumban ana madyaning bebrayan anyar, iki ana tembung “ mijil” Laras pelog  barang, rungokna lan surasanen.
            Gegerane wong akrami
            Dudu rupa dudu bandha
            Among ati pawitane
            Luput pisan kena pisan
            Yen gampang luwih gampang
Yen angel – angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Dene werdine mengkene : sanguine wong omah – omah iku dudu bondho dudu rupa, ora mawas ayu bagusing rupa dhuwuring drajat lan pangkat ya mu ng ati pawitane, lire kanthi linandhesan tresna kang mijil saka pretuling ati kang bias nyawiji satemah mbabar rasa kang jumbuh. Luput pisan kena pisan, yen gampang tegese wong jejodhohan iku kudu mung sepisan, amarga yen luwih saka sepisan adhakane banjur tuwuh daredah kisruh sajroning bebrayan. Ana bebasan sabda Pandhita ratu datan kena wola wali.
            Yen angel – angel kalangkung tegese  golek jodho iku ora padha karo golek bojo, menawa golek jodho, tegese cocok, ora mung golek kanggo awake dhewe nanging uga njodhokake kulawarga lolo bisane nyawiji, kang tundhone bias nuwuhake rasa bagya mulya sakabehe. Tan kena tinumbas arta lire, samubarang iku mau ora bias diaji etungan gedhe ciliking arta.
Kajaba saka iku welinge pun kaki kang pungkasan, poma dipoma anggonmu mengku bale wisma kudu tekan kanthi teteken  tekat kang manunggal satemah bias katekan kang ginayuh.
Dak kira cukup semene dhisik welingku marang sakarone. Gajah Mungkur wadhuk Wonogiri, kaladuking atur nyuwun gunging samodra pangaksami. Kupat janure klapa, wonten lepat nyuwun pangapura.Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Wassalam.


                                                                                    Jogjakarta,27 april 2009

                                                                                     RM FITRI KHUSWORO